kumpulan paribasan, bebasan, sanepan dan saloka yang tergabung dalam pribahasa jawa, yang sering kita dengar dalam kehidupan sehari-hari. untuk menasehati orang , memberi suport, sindiran, kata-kata mutiara dan bijak. diharapkan mudah diterima dengan menggunakan kalimat peribahasa. Ada yang bersifat lucu, cocok untuk kata bijak cinta dan lainnya.
berdasarkan golongannya, pribahasa jawa di bagi menjadi 3 yaitu:
– paribasan iku ukara/ unen-unen sing tegese wantah dudu pepindhan
– bebasan iku tetembungan sing ngemu teges pepindhan
– sanepa iku unen-unen sing ngemu tegese kosok balen
A
1. adhang-adhang tetese embun
– Ngarep-arep paweweh sing durung karuwan tekane.
– mengharapkan pemberian yang belum tentu dikasih
2. adigang, adigung, adiguna
– Ngendelake kakuwatane, kaluhurane lan kepinterane
– menyombongkan kekuasaannya, kekayaan dan kepandaiannya
3. aji godhong garing
– wis ora ana ajine/ asor banget
– sudah tidak ada harga dirinya/ rendah
4. ana catur mungkur
– ora gelem ngrungokake rerasan kang ora becik
– tidak mau mendengarkan perkataan yang tidak baik
5. ana daulate ora ana begjane
– arep nemu kebegjan nanging ora sida
– akan mendapat keberuntungan namun tidak jadi
6. ana gula ana semut
– panggonan sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani
– dimana ada banyak rezekinya pasti banyak yang mendatangi
7. anak polah bapak kepradah
– tingkah polaeh anak dadi tanggungane wong tuwa
– perilaku anak menjadi tanggung jawab orang tua
8. anggentong umos
– wong kang ora bisa nyimpen wewadi
– orang yang tidak bisa menyimpan rahasia
9. angon mangsa
– golek wektu kang prayoga kanggo tumindak
– mencari waktu yang tepat untuk bertindak
10. angon ulat ngumbar tangan
– ngulatake kaanan yen limpe baru dicolong
– menunggu lengah baru di curi