susunan kata ini juga termasuk doa dan ritual tradisi adat jawa dalam melaksanakan acara siraman yang dilakukan sebelum ijab qabul. dalam susunan kata tersebut terdiri dari sambutan, memperkenalkan syahibul hajat atau yang punya hajat beserta nama kedua calon mempelai, lalu doa dan nyanyian jawa yang mengandung pesan.

- di baca ketika acara siraman akan dimulai yaitu tradisi memasang bleketepe atau gapura hajatan.
Siliring samirana datan kemba humiring lampahing mangsa, Sunaring sang hyang arkha semune wus dhoyong mangulon bedhug ashar wus tinilar. Wanci anetepi tatacara ginelar anyarengi babaring tanggal … wulan … Warsa ….(tahun dalam bahasa jawa) Mundi sabdaning para kuna Bapak ….. kepareng angadani siram Jamas putra putri pun nini (nama calon perempuan) ingkang arsa kajatu krami Dening Bagus (calon mempelai laki-laki) Putra Bapa (orang tua laki-laki) Saking …(asal pihak laki-laki) . Nalika samana wus kata kataliti kanti permati jejangkebing gati, gya hamiwiti pasang tarub breketeple myang tuwuhan. Sayekti punika hamung kinarya tuladha panuntun jroning bebrayan tansaha tulung tinulung reksa rumeksa mangkanata lamun Bapa Rangga kepareng ngandika : “Bu…ayo aku rewangana masang ubarampe kanggo gawe anake dhewe. Mangga mangga ramane tak dereke muga gawene awake dhewe mboten wonten alangane”
(Ing adicara punika saget dipun iringi gendhing dolanan : Plek emplek ketepu wong lanang mbok aja menek ala waya menek menek pisan lan saterusipun). - setelah acara sambung tuwuh atau membuat gapura dilanjutkan acara tradisi dhodhogan, yaitu ketika sang anak mengetok pintu orang tuanya untuk melakukan sungkeman. pambiwara menyanyikan lagu di iringi musik gamelan
Bawa Pucung :
Nduk nduk genduk..,
Iki bapa lawan biyung.
Ingkang arsa nyiram…,
Angganira dimen suci..
Ayo nimas gya manjing sendhang patirtan….., - setelah tirainya terbuka, pambiwara mengatakan
“katuran dumateng Bapa dalah biyung kinasih lenggah ing dhampar ingkang sampun katata. Bapa lenggah ing sakiwa tengening penganten” - dilanjutkan acara sungkeman, berikut kata kata yang di ucapkan pembawa acara atau pambiwara.
“Sakderengipun jinamas ing warih, Nimas Ayu Calon temanten ing ngarsanipun Bapa dalah biyung kinasih nyuwun idi pangestu dalah nyuwun agunging pangaksama mring ingkang rama miwah biyung kinasih. Awit badhe amiwiti gesang enggal lumebet ing bebrayan agung pisah lan bapa biyung
tangkeping hasta nggenya sumembah ing pepadaning rama dalah biyung, Mangkana pangudyasmaraning driya lamun kawijil ing lesan :
Bapak saha Ibu.., kula ngaturaken sungkem pangabekti saha nyuwun agunging pangaksama sedaya kalepatan kula, sarta nyuwun tambahing donga pangestu anggen kula badhe dhaup palakrama kaliyan :…..
Nini anaku, dak tampa sungkem bektimu. Wis dadi kewajibaku lan Ibumu nggulowentah kowe ya nduk anaku.
Yen jaman cilikmu ana nakal lan wangkaling anak iku jeneng lumrah. Ora ana dosa lan kaluputan sing kok sandang nini, kalamun lega lila aku lan ibumu paring pangapura.
Dak pangestoni muga nggonmu jejodhohan bagyo mulyo sempulur nganti sak lawase.
Purna sumembah ingkang bapa tumuli sumembah ing pepadane Ibu, kadya sinendhal mayang bathine. Trenyuh jroning wardaya. Trenyuhing nala ingkang datan sinayudan, satemah rama dalah biyung kuwawa ngampah tumetesing waspa. Luh marawayan, tumetes tinampi kanthi lumahing asta mring kang putra. Minangka pratandha tumuruning nugraha, bilih ingkang rama dalah biyung ingkang sampun paring idi palilah, miwah pangestu dhumateng kang putra hanggenira arsa dhaup palakrama.
Paripurna ngabekti ing pepadanira ingkang rama myang ibu kinasih, Calon temanten gya kairing lumampah tumuju sasana sendang pasiraman”. - Sendang Patritan ( orang tua mengantar ke tempat siraman) dan acara siraman dimulai, sang pambiwara sambil memandu acara agar di ikuti oleh orang tua mempaelai dan kedua mempelai serta hadirin yang ada disitu.
“Pagendhonganipun sang calon penganten putri wus lenggah ing watu gilang kumalasa, pinggir sendang katata petamanan asri, Jamban kencana tinata adi rinenggan sekar melati sinawang ngresepi ati, Ingkang Bapa wus samapta ngracik utawi nyampur banyu sumber pitu, kapungkasi dening warih sendang kamulyan wur suh lan sekar setaman pangajab sarining puspita dadi daya sampurnaning suci raga.
Jagkeb anggenira reracik toya badhe sirama calon penganten, anyarengi getering njawi ana duta saraya saking kadang besan sih sutresna arsa mudhut sarana tirta kangge siram calon manten kakung padha sakala lung tinampi mring kang nembe prapti.
Wus kaurut runtut pinatut reroncening adad siraman ndukap wahyaning mangsa kala Sigra lumebet ing laksita tatacara.
Murih sedaya samapta miwah lumampah pernah, sedayanipun, keparenga kula maosaken Urutan ingkang sampun katetepaken dening paranpara upacara.
Dene ingkang badhe paring jamas pasiraman samangke inggih menika- Rama …………..
- Biyung …………
- Eyang …………
- Keparenga dumateng para para ingkang sampun kasebat ing ngajeng kasuwun pangestunipun paring jamas pasiraman dhumateng sang calon penganten.
- Ingkang sepindhah paring jamas pasiraman nun inggih Rama kakung ……………… kanthi kebak ing pangati-ati, sarwa sarwi binarung donga suci ing ngarsaning Gusti Illahi rrabbii lumebering toya warata saranduning badan jasmani mahanani, ayem,temtrem sajroning ati.
- Ing kaping kalihipun, kasuwun ibu kinasih paring pangestu sesuci, age-age marepegi ingkang putri Kebak ingtresna, lan pangati atu jinamas ing warih suci sinartan mantram sekti mahanani tekad suci.
- Salajengipun keparenga ingkang Eyang, nun inggih Eyang paring pangestu dhumateng wayah, kanthi pangestu suci dhiri karana paring jamas pasiraman toya suci sisaning para widadari. Ketang tresnaning eyang marang wayah, sakderengipun angguyur toya paring puji pandonga rahayu. Kanti toya sendang mulya mahanani hayu,hayom,hayem miwah tentrem (Sakcekapipun Wilangam Ganjil ngantos wulu suci. Jarwan Mardhika isinipun kudangan kesaenan Satemah ing tembe saged kasil ing babagan pakaryan).
Sampun jangkeb cacahipun para pinisepuh paring jamas pasiraman. Mugi-mugi suci lahir lan batine sang dyah Ayu satemah madhep mantep anggenipun calon penganten ing dinten benjang badhe nglampahi upacara suci sarta sakral agung inggih punika adicara palakrama. Mawantu-wantu Bapak/Ibu ………… ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, Muhung Gusti Kang Maha mirah ingkang badhe males luhuring budi panjenengan sadaya. Amin.”