istilah tempat dalam bahasa jawa

nama tempat atau dalam bahasa jawa disebut jenenge panggonan merupakan sebuah istilah untuk menyatakan tempat tersebut dengan pengucapan bahasa jawa yang sering digunakan dalam kehidupan sehari-hari di pulau jawa. istilah penyebutan nama tempat ini sudah ada sejak jaman dahulu kala, oleh karena itu jika anda ingin belajar tentang bahasa jawa maka wajib mempelajari istilah jenege panggonan ini karena akan di gunakan dalam setiap pengucapan sehari-hari.

berikut nama tempat/ jenege panggonan dalam bahasa jawa:

A
Alas : panggonane macam-macam kewan, thethukulan/ wit-witan
alun-alun : plataran kang amba ing tengahing kutha

B
babadan : panggonan sing wis dibabadi
balapan : panggonane kanggo adu balap
bale mangu : panggonan kanggo ngadili wong luput
bango : panggonane kanggo dodolan
bangsal : panggonan kanggo pasamuwan
besalen : panggonan kanggo mandhe
beteng : tembok gedhe dhuwur kanggo nahan mungsuh
bong : kuburane cina
bothekan : wadhae jambu utawa bumbu masak
bubat : panggonan kanggo adu samubarang

C
cangkruk : panggonan kanggo jaga kampong
clunthang : wadhah jangkrik

E
endhong : wadhah panah
epok : wadhah kinang
esong : growongan ing pinggire kali, pamggonan landhak

G
gayor : kanggo nyenthelake gong
gedhongan : panggonan kanggo jaga tanduran
gedhong : omah gedhe kanggo pasamuwan
gerdhu : panggonan kanggo jaga
glodhongan : kanggo umah tawon
gowok : growongan ing wit (dienggo nyusuh manuk)
greja : panggonan sembahyang wong Kristen
grobog : kothak kayu sing gedhe kanggo nyimpen barang
gubug : panggonan kanggo nyimpen barang
gupit mandragini : kanggo serene raja-ratu
gadhen : panggonan kanggo nggadekake barang
gudhang : panggonan nyimpen barang

H
hotel : omah sewan kanggo panginepan

I
iyan : wadhah kanggo ngeler sega

J
jun : wadhah banyu kanggo ngangsu
jodhang : grobog sing dipikul isine werna-werna panganan
jumbleng : kakus kanggo bebuwang kotoran

K
kabupaten : daleme bupati pamerintah dhaerah
kadhaton : daleme ratu
kandhang : omah kanggo ngingu kewan (kewan, sapi, kebo, wedhus, lsp)
klenteng : panggonan kanggo sembahyang wing cina
klenthing : wadhah kanggo golek banyu
kuburan : panggonan kanggo ngubur wong mati
kurungan : kanggo ngingu pitik/manuk
kranjang : wadah sing digawe saka pring di enam
kraton : daleme ratu
kuncung : umah cilik ing ngarepe pendapa
kombong : kandang bebek, pitik, lsp
krangkeng : kandhang kewan galak nganggo pager wesi
kantor : panggonan kanggo nyambut gawe
kanthongan : kanggo ngadahi barang-barang
kanthong : sak ing klambi/ celana kanggo ngesaki barang
kandhang : umah kanggo ngingu kewan ( kebo, sapi, wedhus, lsp)

L
lemari : kanggo nyimpen barang/sandangan
lumbung : panggonan kanggo nyimpen pari
leng : bolongan cilik omahe gangsirm semut, rayap, lsp
langgar : omah cilik kanggo sembhayang wong islam
loji : omah apik tinggalane landa

M
mesjid : omah gedhe kanggo sembahyang wong Islam
menara : panggonan sing dhuwur kanggo pepeling

P
padasan : kanggo wushu
padaringan : wadhah kanggo nyimpen beras
paga : kanggo nyimpen bekakas pawon
pagupon : omahe dara
papon : wadah apu
padhepokan : papan pamulangan, patapan, omahe pandhita
paestren : sawah ing sapinggire kali
pasar : panggonan kanggo dodolan lan tetuku barang
pagagan : lemah sing ditanduri pari gaga
pagajih : lemah sing dumadi saka walede kali
paidon : wadhah idu
pakunjaran : panggonan kanggo ngunjara/ngukum wong luput
pamulangan : papan kanggo mulang wuruk/sekolahan
panepen : papan kanggo semedi, nepi, tapa, lsp
pantisari : omah cilik ing satengahing patamanan
papon : wadhah apu/enjet
pasanggrahan : papan palereman
patarangan : panggonan kanggo nggendhokake pitik
pawon : parangan omah sing kanggo olah-olah
pesantren : papan kanggp mulang para santri
patamanan : lemah sing di tanduri kekembangan
pawon : perangan omah sing kanggo olah-olah
payudan : panggonan jembar kanggo adu perang
pekarangan : papan sakiwa tengene utawa mburine umah
pelabuhan : papan kanggo mandhege prau/ kapal
pelataran : lemah sangarepe omah
pendhapa : perangan omah ngarep kanggo pasamuwam
pesantren : papan kanggo mulang wuruk para santri
pesisir : pinggire segara
petarangan : panggonan kanggo ngendoge pitik
pinihan : lemah kanggo ndedher winih tanduran
plangkan : papan kanggo ndeleh tumbak/ payung
plegungan : papan kanggo lerene sapi sing eyup
ploncon : papan kanggo tumbak
pluwang : luwang kanggo masangi kewan alas
pomahan : pekarangan sing didegi omah
pondhok : omah kanggo mondhok, ngaji para santri
pragen : wadhah uyah utawa bumbu
pranji : kandhang pitik

R
ranggon : gubuk ing alas kanggo leren utawa jagag kewan
rumah sakit : papan kanggo ngrumat wong lara
rong : leng gedhe umah tikus, yuyu, ula, iwak , lsp

S
sanggar : papan kanggo latihan
sekolahan : papan kanggo sinau, mulang wuruk
setasiun : papan kanggo mandhege sepur
susuh : umah manuk
sanatorium : papan kanggo nambani wong lara TBC
sawah : lemah kanggo nandur pari, kedele, tebu lsp
segaran : tetiron segara kanggo ngingu iwak
selon : wadah bumbu utawa trasi
senthong : perangan sajroning umah kanggo turu, utawa ndeleng barang
setren : sawah ing sak pinggire kali
slepen : wadah klobot utawa mbako
sudhung : grumbul umahe celeng

T
tambak : papan kanggo ngingu iwak
tala : omah tawon
talun : panggonan ing pegunungan
tangki : wadah lenga, gas lsp
tangsi : papan panggonan kanggo tentara
tegalan : lemah sing di tanduri palawija
tobong : panggonan kanggo ngobong gamping
tulang : kothak cilik kanggo ngadu jangkrik

W
warung : papan kanggo dodolan panganan
wihara : panggonan sembahyang umat budha
wrangka : kayu wadhah keris utawa tumbak