istilah bahasa jawa

istilah bahasa jawa yang di gunakan untuk menyatakan sifat seseorang menggunakan kata kiasan. Ada berbagai watak manusia yang disebut dalam bahasa jawa aran watake/ sifate wong utawa bocah yang sering terlihat dalam pergaulan sehari-hari. Nama-nama watak tersebut diartikan dalam satu kata untuk mengucapkannya dan memiliki arti pada sifat manusia. sehingga kita tidak perlu menggunakan bahasa sebenarnya dalam menyatakan akan tetapi sudah ada kata yang mewakili arti tersebut.

Berikut nama/ aran watak wong atau manusia dalam istilah bahasa jawa:

Adigang = ngandel-endelake kakuwatanne
Adigung = ngandelendelake kaluhurane
Adiguna = ngendel-endelake kapinterane
Ambekdarma = seneng tetulung, welasan
Ambekpati = ora wedi pati
Ambeksiya = seneng nganiaya
Ambeksura = kendel banget
Ambekwani = kendel banget
Alim = pinter tur anteng
Anteng = meneng ora akeh gunem
Andhap asor = ora gumedhe, ora umuk
Bandel = ora cingeng, ora gembeng
Beres = ora duwe niyat ala utawa goroh
Bencirih = gampang kena ing lelara
Berbudi = seneng weweh, loma
Blater = pinter sesrawungan
Mblubud = nekat ora duwe isin
Brangasan = gampang nepsu
Mbrekunung = nggugu karepe dhewe
Cendhala = ala kelakuanne
Centhil = emoh weweh/ medhit
Climut = dhemen nyenyolong
Clingus = isinan, ora kendel sesrawungan
Cluthak = seneng mangan apa-apa
Cubluk = bodho
Cugetan = mutungan, ora sabar
Culika = dhemen ngapusi
Ndableg = ora ngrewes ing pitutur
Dahwen = seneng nacad
Daksiya = seneng mara tangan
Delap = seneng nganiaya
Ndhendheng = Angel dituturi
Drengki = meri marang kabegjane liyan
Ndhugal = kurang ajar
Gathekan = Gampang ngerti, lantip
Gembeng = Gampang nangisan
Geleman = Manutan, gampang gelem
Gemi = Pinter ngirit, nganggone
Getapan = Gampang kagel
nggragas = Seneng memangan sing kurang patut
Jail = Seneng gawe piala / usil
Jirih = Ora kendel / weden
Julig = Pinter nindakake bab ala
Kemproh = Ora resikan
kendel = Duwe kewanen
Kesed = Ora oyan gawe
Kethul = Ora gampang ngerti
Loma = Seneng weweh
Lonjo = Guneme sak wiyah-wiyah
Lugu = Kaya apa anane
Melikan = Gampang tuwuh rasa kepingin nduweni
Mentahn = Ora duwe rasa welas
Meren = Gampang meri
Mopo = Ora gelem nglakoni
Murka = Kumudu-kudu tanpa akeh dhewe
Muthakil = Sugih akal kanggounthunge dhewe
Ngebreh = Mbuwang dhuwit, boros
Panasten = Seneng manasi liyane marga meri
Parawadulan = Seneng wadul
Prasaja = Beres
Sabar = Ora gampang nesu, sareh anggone
Saen = Ora isinan
Satiti = Sarwa ngati-ati
Slingkuh = Ora beres
Srakah = Kumudu-kudu oleh akeh dhewe
Srei = Kumudu-kudu njaluk menang
Sumanak = Rumaket ing pamitran
Semelangan = Gampang sumelang
Sumungah = Seneng umuk
Taberi = Sregep serta tlaten
Takad = Kuwat nahan lara
Tambeng = Manut karepe dhewe
Tegelan = Ora duwe rasa rikuh, mentalan
Temen = Or dhemen goroh
Tumbak = Seneng wadul cucukan
Ugal-ugalan = Kurangajar
Ugungan = Dituruti sapanjalukane
Umpakan = Seneng dialem
Wangkal = Ora nurutan
Wasis = pinter
Wekel = sregep serta tumemen