R
rai gedheg : ora duwe isin
(ng)rengga praja : njaga negara
(ng)rengga salira : dandan/macak
runtuh atine : tuwuh welase
rupak atine : cugetan/ora gampang ngapura
rupak jagade : judheg; ora bisa mrana-mrana
S
sabuk gelang : sawahe akeh banget
sepi kawruh : bodho/ora duwe ilmu
sepi pamrih : ora duwe pamrih
seret rejekine : ora gampang golek rejeki
sesak dhadhane : mangkel/anyel
sumpeg atine : susah/sedih
T
tadhah kalamangsa : dipangan
tadhah udan : lirangan gedhang sing dhuwur dhewe
tatu atine : serik banget
tanpa tilas : entek blas
tipis lambene : criwis, seneng nggunem wong liya
thukul pikire : nduwe akal
thukul turune : nduwe anak
U
udan tangis : akeh sing padha nangisi
ulat peteng : katon nesu
ulat manis : sumeh
utang lara : tau nggawe laran wong liya
utang nyawa : tau nggawe patine wong liya
utang pati : tau nggawe patine wong liya
utang wirang : tau nggawe wirange wong liya
W
walang ati : sumelang/kuwatir
wani mati : nekad/kendel banget
wani silit wedi rai : ora wani terang-terangan
weteng kadit : dremba/ora tampikan
weteeng karet : panganane akeh
wedi getih : jirih/ora wani
wedi kangelan : lumuh/kesed