Candrane manungso/ candrane awak adalah sebuah kalimat terusan untuk mengiaskan tentang suatu bentuk dari fisik manusia atau hewan dengan tujuan agar lebih menarik dan bagus. kata-kata ini biasa dipakai untuk merayu melukiskan keindahan menyanjung orang dan lainnuya. Atau dalam bahasa jawa unen – unen saemper pepindhan kang surasane mawa tetandingan sarta ngemu teges mirip utawa memper. Kang dicandra baba becike lan mengku ngalem kaendahan.
Contoh tembung candrane awak =
Alise = nanggal sepisan
astane = nggendhewa gadhing
athi-athine = ngudhup turi
awake = ramping
bangkekane = nawon kemit
bathuke = nyela cendhani
bokonge = menjang ngilang
brengose = nglaler menclok, nguler keket
cahyani = sumunu/sumunar, ngalentrih
drijine = mucuk eri
godhege = simbar rumembun
gulune = ngelung gadhung, ngolan-olan
eseme = kaya madu pinastika, pahit madu
idepe = tumenga ing tawang
irunge = mencana pinatar, mbangir, ngudhup mlathi
kempole = ngembang pudhak, nyikil walang
lakune = macan luwe, mager timun
lembehane = mblarak sempal
lambene = manggis karengat, nggula satemik
lengene = nggendhewa pinentang
mripate = mblalak-mblalak, damar kanginan
netrane = liyep alindri
pakulitane = ngulit langsep, ireng manis
pamulune = ambengle kiris, prada binabar
pawakane = gagah pidegsa, ramping
pipine = nduren sajuring
polatane = ruruh jatmika
praene = sumunar
pundhake = nraju emas
rambute = ngandhan-andhan, ngembang bakung
sinome = micis wuncah, mbibis mabur
slirane = sedhet singset
solahe = merak ati
susune = nyengkir gadhing
swarane = ngombak banyu
tangane = nggendhewa pinentang
tungkake = bunder lir jinangka
ulate = sumeh/sumunar
untune = miji timun
untune (sisigane) = ngelar kombang
wange = ngungkal gareng,nyangkal putung
watake = andhap asor
wentise = mukang gangsir, ndamen meteng